Jaman mbiyen adalah jaman sing isine seneng2,,,jaman penuh romantika (rok-rokan,mangan,tidur & karepe dewek) , jaman seseneng-senenge durung mikiri apa2 kecuali primen carane biji pelajaran nang rapot sekolahe laka abange,, hahhaha
suatu dina pas puasa di kampung mejabung
nyong mbiyen nang mejabung nduwe kanca 5 wong,, sing saben dina bisa dijak dolan,,,
tapi sedurunge enyong crita tentang masa masa kue, nyong tak mengenalkan tentang kampunge enyong,
kampung mejabung adalah salah sijine kampung sing ana nang kelurahan Panggung Kota Tegal,
kampung kiye akeh2e wong pada ora sekolah,,, sekolah tah iya sekolah tapi paling ya akeh sing lulusan SD & SMP tok, sing nglanjutna SMA/ STM ya bisa detung (kuwe jaman mbiyen enyong cilik),, kampungku kuwe juga bisa diomong akeh wong mendeme, akeh juga wong benere juga sih,,,tapi ya uripe pada guyup rukun,,
nah,, aku seringe dolan bareng garo jakwir2e nyong sing nganti saiki esih perek,
Jakwir ceteme enyong ini beraran : Jiman,Ui,Rio,Idik & Enyeng
nah, tak kenalna jakwire nyong siji2 :
1. Jiman, nama lengkape Rajiman (singkatane dudu Rajin Mangan lho yaa),,
Jiman kiye jakwir cetem sing umahe jejeran garo umahe enyong,
umahe mbang kulone umahe enyong, aku awit SD sekelas terus tekan kelas 6, SDN Panggung 4
jiman uwonge pinter & sregep sembayang adong ketemu biasane ngejak PS an nang kalimati,
saiki kerja gadi mekanik motor nang cirebon, saiki masih bujang durung mbojo,,
mbuh ningapa bisane durung mbojo,,ndeyan tah bingung coz kakean pilihan
2. Idik, nama lengkape mohamad sidik (arane apik nemen yah)
Idik kiye juga kanca seumurane enyong, SD juga sekelas,,
umahe mbang wetane umahe enyong kacek rong umah, idik kiye mbiyen senenge gelut2an
saiki wis mbojo & nduwe anak 1, uripe saiki nang warung pring (dudu warung sing isine pring)
Pemalang
3.Ui, nama lengkape Marjuki
Ui kiye adine idik, tapi ya tetep dolan bareng garo enyong kabeh
Ui awake paling gering tapi mangane akeh, sedina bisa ping lima mangane
Ui kiye jakwire enyong sing bisa nggo tempat kanda alus alias curhat
saiki kerja nang apotik gajah mada
status : wis mbojo
4.Rio, Nama Lengkape Rio Suryatama
kanca dolan bareng sing paling enom
wonge hobine bal-balan,,dong bal-balan trus dikasari, wonge dadi emosian :D
Saiki kerja nang pabrik teh 2 tang
Status : bujang
5.Enyeng, Nama lengkape Adityas Akhiriyanto
mbuh bisane diarani enyeng,nyong bae bingung
nyeng adalah adik kelase enyong awit SD,SMP,SMA
saiki kerja ngajar & ngelesi bocah sekolah
Status : wis mbojo
Nganti saiki adong balik aku balik tegal esih sering pada ngumpul, silaturahmi, moci, melekan, PS an,, walaupun saiki wis angel ngumpule
Semoga persahabatan kita terus nggambreng kaya rambute ahmad albar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar