Jumat, 02 Agustus 2013

Kenalan Toli

Dina kiye nyong pan mengenalkan diri:
arane aku Budi,, sih bisane arane budi , budi kue artine apik,,,(apik jare dewek,apik nggo dewek mbuh tah jarene wong liya)
nyong saiki umure wis pan 28 tahun,, ora takon um
nyong lair nang tegal,,, mbuh nang rumah sakit mbuh nang umah,
wong paskue nyong ya klalen, ora ngerti laire nyong nang ndi,,, tapi ya dudu nang ndalan,,,,
bapane nyong wong lombok... tapi dudu mengkreng,,
lombok kuwe daerah wetan adoh, bali ngetan maning....
lha ibune enyong wong comal,,,
comal kuwe wetane tegal,,kira2 sejam numpak bis coyo atawa bis sahabat, 45 menit numpak montor honda astrea star,,, kiye montore
nah montor kiye wis dadi bagian uripku sejak 1995,,, tapi aku nganggo motor kiye nggo sekolah mulai jaman smp kelas 3, bisane anjug mbahas montor sih!! okeh kita lanjut bae critane tentang nyong

awit cilik nembe netes keluargane enyong memang ndidik enyong dengan keras & disiplin,,,
ora mun dididik nggo sekolah bae, tapi dididik nggo cara bergaul sing bener, ngaji dan lan sebagainya nggo bekal urip masa depane enyong,,

awit TK sampe SMA enyong urip nang Tegal, Jaman Kuliah nang semarang, trus saiki enyong kerja nang Lampung,, tapi ya sedurunge nyong nang kene pernah ngrasakna urip nang Papua setahun, & urip jakartanan sedelatan tok,,,

wis kayane kue bae uripe tentang enyong,, ora usah dawa dawa ngko melasi mak erot,, hahahha